Senin, 07 November 2011

MC/PEMBAWA ACARA

MC/PEMBAWA ACARA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Wah judulnya gak “NYAMBUNG”...;-)
Eitss... bukan sambung menyambung ne, Cuma kayaknya lagi gak pas ne... mungkin yang pas ini ya? SELAMAT HARI RAYA IEDUL ADHA 1432 H, (Nyambung gak? heheee)

Ya mungkin karena banyak cobaan dan yang pasti lagi belajar jadinya lemot banget postingnya, tapi alhamdulillah akhirnya bisa posting lagi. Tapi sebelumnya yang masih buat sate iedul adha diselesein dulu yach...heheee. Kali ne pengin aja posting materi MC/PEMBAWA ACARA (Tapi bahasa jawa), ya materi ini biasanya di pake dalam kegiatan pengajian kelas mushola-an....heheee

Udah ya, terlalu banyak ngomong ne. Bagi temen-temen semua yang mungkin lagi nyari-nyari bisa ne di buat sedikit referensi.. tinggal CoPas aja kan, Alhamdulillah law berkenan mencantumkan __irmasalaf.blogspot.com__ Makasih banyak ya, semoga bermanfaat...

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
A’udzubillahi minas syaithonir rojim, Bismillahir Rohmanir Rohim, Alhamdulillahirrobi ‘alamin, Assholatu wassalamu ‘ala asyrofil ambiya’I wal mursalin, Sayidina wa maulana Muhammadin, wa ‘ala alihi wa shohbihi ajma’in, Amma Ba’du…..

Dumateng pangarsanipun Al-Mukarom Bapak Kyai ____________________ ingkang tansah kawulo bekteni,
Dumateng bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kawulo hormati,
Dumateng rencang-rencang anem ingkang kulo tresnani ugi kilo hormati……

Sakderengipun, monggo kito sareng-sareng nglahiraken raos Syukur kito wonten ngarso dalem Alloh SWT, kanti iqror (kanti waosan hamdalah) “Alhamdulillahirobbil ‘alamin”…
Dene ing wekdal ndalu puniko kito tasih dipun paringi kesehatan jasmani lan rohani, sehinggo kito waged makempal anggrawuhi pengaosan selapanan ing ndalu puniko….

Kulo ing ngriki minongko pranoto adicoro, bade ngaturaken runtuting adicoro ingkang bade lumampah ing ndalu puniko :
- Adicoro ingkang sepindah inggih meniko Pambuko.
- Adicoro ingkang ongko kaleh inggih meniko waosan Ayat-ayat suci Al-Qur’an lan Sholawat Nabi.
- Dipun terasaken adicoro ingkang ongko tigo inggih meniko prakata panitia.
- Adicoro ingkang ongko sekawan, Lereman.
- Adicoro ingkang pungkasan inggih meniko pengaosan (mau’idhotul hasanah) soho doa penutup, ingkang samangke bade dipun asto dening panjenenganipun Al-Mukarom Bapak Kyai _____________________

Angengeti wekdal sampun sakwetawis ndalu, monggo kito bikak sesarengan adicoro pengaosan meniko kanti waosan Umul Kitab:
“Lirridoillahi ta’ala wa li syafa’ati rosulillah SAW, Al-Faatihah…….

Katerasaken adicoro ingkang ongko kaleh inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an lan Sholawat ingkang bade kasarirani sederek ________________________ dumateng sederek ___________________________ dipun aturaken, sumonggo..

“Sodaqollohul ‘adim..3x, Barokallohu lana wa lakum bi barokatil ayatil ‘adim”
Matur nuwun dumateng sederek _____________________ ingkang sampun maosaken ayat-ayat suci Al-Qur’an lan Sholawat.

Dungkap adicoro ingkang kaping tigo inggih meniko prakata panitia, dumateng sederek ____________________ dipun aturaken, sumonggo..

Mekaten kolo wau sambutan saking panitia, dumateng sederek _____________________ ka-aturaken matur nuwun.

Adicoro sak lajengipun inggih meniko lereman, dumateng poro rencang ingkang sampun kajibah kulo aturi cekat-ceket…..
Dumateng poro rawuh sedoyo ingkang sampun nampi ladosan kawulo aturi ngrahapi, ingkang dereng kawulo aturi nenggo sakwetawis….
Poro rawuh sedoyo, adicoro lereman kawulo cekapi, ewondene adicoro ingkang pungkasan inggih meniko pengaosan inti. Ingkang bade ka-asto dening Panjenenganipun Al-Mukarom Bapak Kyai ____________________

(Ananging sak derengipun, kawulo minongko pranoto adicoro, purwo madio wasono, mboh bilih katah klenta-klentunipun atur, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Akhirul Qouli : Wabillahi taufiq wal hidayah, waa ridho wal ‘inayah Wassalamu’alaikum Wr. Wb.)

Dumateng Al-Mukarom Bapak Kyai ______________________________ dipun aturaken sak cekapipun, sumonngo……

(Matur nuwun dumateng Al-Mukarom Bapak Kyai ______________________ mugi-mugi kanthi pengaosan kolo wau, kito waged mendet manfa’at ugi waged nindak-aken pitedah-pitedahipun, Amin, Allohumma Amin. kawulo minongko pranoto adicoro, purwo madio wasono, mboh bilih katah klenta-klentunipun atur, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Akhirul Qouli : Wabillahi taufiq wal hidayah, waa ridho wal ‘inayah Wassalamu’alaikum Wr. Wb.)

***** NB : KATA-KATA DALAM TANDA ( ………. ) = GUNAKAN SALAH SATU SAJA

1 komentar:

  1. Mahrus Saifan.... piye Kabare.... aku njaluk nomermu, nomerku 0818085113637

    BalasHapus